Sabtu, 18 Desember 2010
Assalamu’alaku Warahmatullahi Wabarakatuh.

            Panjenenganpun para pepundhen dalah para pinisepuh ingkang dhahat kinabekten. Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kula urmati, para kadang wredha mudha ingkang satuhu kinasih ing Gusti, keparenga kula sumela atur, angampil saha anggempil kamardikan panjeengan, nigas wacana nugel pangandikan, saperlu mundhi dhawuh saking panjenenganipun bapak Susilo sekaliyan, angambali atur, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya, ingkang sampun kersa nglodhangaken wekdal ,saperlu anekseni anggenipun bapak Sisilo gadhah kajad syukuran putranpun.

            Purwakanipun atur keparenga panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken puji syukur konjuk ngarsaning Gusti , dene sampun paring karahmatan dalah karahayon, saengga kita sedaya saged kempal ing griyanipun bapak Susilo mriki kanthi wilujeng nir ing sambekala.


            Wigatosipun para tamu kasuwun rawuh, kasuwun anekseni anggenipun bapak Susilo sekaliyan ngaturaken syukur wonten ngarsanipun Gusti, dene putranipun, inggih punika Suseno sampun lulus anggeipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur Universitas Indonesia, lan sampun kawinisudha dados Sarjana Kedokteran.

            Kajawi saking punika, bapak Susilo kekalih nyuwun tambahing pangestu para sesepuh, pinisepuh, dalah para tamu sedaya, mugi lare kalawau sageda migunani dhateng bebrayan ageng, minggahipun dhateng nusa lan bangsa.

            Boten kesupen bapak Susilo sekaliyan nyuwun agunging samodra pangaksami, dene anggenipun nampi rawuhipun para tamu kirang dados suka lan renaning penggalih, senajan sedayanipun sampun dangu rinancang, ewa semanten taksih kathah kuciwanipun.Lan mugi panjenengan sedaya kersa anyekecakaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning adicara menika.

            Wusananing atur kula ingkang piniji dados talanging atur ,mbok bilih kathah kalepatan saha kekirangan ingkang ndadosaken kirang renaning penggalih panjenengan, estu kula ngantu-antu lumunturing sih samodra pangaksami.

            Assalamu’alaikum Warahmatullahi  Wabarakatuh.

Fauziah Husnaa

Masih perlu banyak belajar. Belajar apa saja. Hampir selesai KKN-PPL dan sedang akan mengajukan judul skripsi. Sangat suka dengan desain dan kartun... Masih aktif sebagai mahasiswi Universitas Negeri Yogyakarta.

0 terbaik

Thanks For Reading and visiting....
Please Leave Your Comment ^____^